Semoga bermanfaat :)
PEMBAWA ACARA
Assalamualaikum Wr.
Wb
Ingkang rumiyin kito
tansah muji syukur wonten ngarso dalem Allah SWT. Ingkang sampun paring
mapinten-pinten karohmatan, hidayah soho kawilujengan dumateng kito sedoyo
sahinggo ing wedal dalu puniko kito sedoyo saget makempal wonten acoro kempalan
muda-mudi RT 04 kanthi mboten manggihi alangan satunggal punopo.
Mboten kesupen
solawat soho salam mugi katetepno dumateng junjungan kito Nabi Muhammad SAW,
ingkang saget kito anti-anti safangatipun ing zaumul akhir samangkih.
Keparengo kulo matur
wonten mriki minongko pranoto adicoro, sakderengipun acoro kawiwitan langkung
rumiyin badhe kulo waosaken menggah reroncening adicoro ingkang badhe kito
ayahi ing wedal dalupuniko.
·
Acoro ingkang ongko sepisan
inggih puniko Atur Pambuko
·
Acoro ingkang ongko
kalih Atur Pangandikan saking Ketua Pemuda RT 04
·
Acoro ingkang ongko
tigo Arisan
·
Acoro ingkang ongko
sekawan Laporan Bendahara
·
Acoro ingkang ongko
gansal Laporan Dana Sosial
·
Acoro ingkang ongko
enem Musyawarah
·
Acoro ingkang ongko
pitu Laporan Sie Ketertiban
·
Acoro ingkang ongko
wolu Panutup
Lan monggo gandeng
wedal sampun dumugi titi wancinipun acoro badhe kito wiwiti, mlebet wonten
acoro ingkang sepisan inggih meniko atur pambuko, pramilo monggo adicoro puniko
kito purwakani kanthi waosan basmallah, dene ingkang angrasuk agami sak sanese
Islam, kulo sumanggaaken khanti piyambak, monggo kito maos Basmallah
sesarengan.
Maturnuwun mugi
khanti waosan Basmallah puniko acoro waged lumampah kanthi sae.
Ø Nyandak adicoro ingkang ongko kalih inggih puniko Atur Pangandikan
saking Ketua Pemuda, kanthi puniko dumateng sederek ………… wedal kulo aturaken.
Maturnuwun, dumateng sederek ………… ingkang sampun kerso paring atur pangandiko.
Maturnuwun, dumateng sederek ………… ingkang sampun kerso paring atur pangandiko.
Ø Nyandak adicoro ingkang ongko tigo inggih puniko Arisan dumateng
sederek ………… wedal kulo aturaken.
Mekaten atur pangandikan saking sederek ………… minongko Seksi Arisan khanti puniko kulo aturaken agunging matur nuwun.
Mekaten atur pangandikan saking sederek ………… minongko Seksi Arisan khanti puniko kulo aturaken agunging matur nuwun.
Ø Mlebet wonten acoro ingkang saklajengipun inggih puniko Laporan
Bendahara, dumateng sederek ………… wedal kulo aturaken sakcekapipun.
Mekaten atur pangandikan saking Seksi Bendahara, khanti puniko kulo aturaken agunging matur nuwun.
Mekaten atur pangandikan saking Seksi Bendahara, khanti puniko kulo aturaken agunging matur nuwun.
Ø Lan nyandak adicoro ingkang ingkang ongko gangsal inggih
puniko Laporan Dana Sosial. Dumatheng sederek ………… wedal kulo aturaken.
Mekaten wau Laporan Dana Sosial.
Mekaten wau Laporan Dana Sosial.
Ø Adicoro saklajengipun inggih puniko Musyawarah. Dumateng
sederek ………… kasuwun mimpin adicoro puniko.
Meniko acoro musyawarah ingkang sampun kito ayahi sesarengan, kulo aturaken maturnuwun dumatheng sederek ………… ingkang sampun kerso mimpin.
Meniko acoro musyawarah ingkang sampun kito ayahi sesarengan, kulo aturaken maturnuwun dumatheng sederek ………… ingkang sampun kerso mimpin.
Ø Mlebet wonten acoro ingkang kaping pitu inggih puniko
Laporan Ketertiban, dumateng sederek ………… wedal kulo aturaken.
Maturnuwun, dumateng sederek ………… ingkang sampun kerso paring atur Laporan Ketertiban.
Maturnuwun, dumateng sederek ………… ingkang sampun kerso paring atur Laporan Ketertiban.
Ø Adicoro saklajengipun inggih puniko Panutup. Ananging
saderengipun acoro katutup, saking kulo minongko Pranoto Adicoro anggadahi
kalepatan anggenipun nderekake acoro puniko wiwiti purwo madyo soho usononipun
saestu kulo nyuwun sih lumunturing samudro pangaksami.
Lan monggo adicoro
puniko kito tutup kanthi waosan Hamdalah. Kulo derekaken.
Saking kulo, kulo akhiri.
Saking kulo, kulo akhiri.
Wassalammualaikum
Wr.Wb.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar